Lirik Lagu Kusuma Arum - Galih Prastya


Mekar arum kusuma rinengga
Sajiwa rumaketing tresna
Sinanggit tetembangan kasmaran
Nuwuhke wijining katresnan
Amung siro yayi
Tan ana liya ning ati

Sesandingan kadya dewa dewi
Ning pinggir pesisir nggonku mangukir
Rironce mlati tanda tresna kang suci
Dak wenehke marang sira sang dewi
Endah yen sinawang lintang ambyor ing tawang
Pasuryan mu sayang ora bakal ilang
Rina lan wengi amung ke gawa ngimpi
Lewat tembang iki tresna tulus ing ati

Mekar arum kusuma rinengga
Sajiwa rumaketing tresna
Sinanggit tetembangan kasmaran
Nuwuhke wijining katresnan
Amung siro yayi
Tan ana liya ning ati

Sesandingan kadya dewa dewi
Ning pinggir pesisir nggonku mangukir
Rironce mlati tanda tresna kang suci
Dak wenehke marang sira sang dewi
Endah yen sinawang lintang ambyor ing tawang
Pasuryan mu sayang ora bakal ilang
Rina lan wengi amung ke gawa ngimpi
Lewat tembang iki tresna tulus ing ati
Lewat tembang iki tresna tulus ing ati

Ade Suhendra
Ade Suhendra Belajar Online Masa Kini

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Kusuma Arum - Galih Prastya"